Pangentasan 24:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.

2. Mung Musa dhewe kang sowane cedhak kalawan Pangeran Yehuwah, nanging liyane ora kepareng nyedhak, lan wong akeh iya aja ana kang melu munggah bareng karo sira.”

3. Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.”

4. Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta sesuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.

5. Tumuli ndhawuhi wong nom-noman panunggalane bangsa Israel, kang banjur padha nyaosake kurban obaran lan nyembeleh sapi lanang kagawe kurban keslametan sumaos marang Pangeran Yehuwah.

6. Sawuse iku Nabi Musa banjur mundhut getihe sabagean, diwadhahi bokor, sabagean maneh dikepyurake ing misbyah mau.

7. Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”

Pangentasan 24