Pangentasan 21:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. “Iki pranatan-pranatan kang perlu sira dhawuhake marang wong-wong iku.

2. Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.

3. Manawa mlebune legan, metune iya legan; manawa nggawa somah, somahe mau iya lilanana melu metu.

4. Manawa bendarane kang menehi somah, mangka somahe mau duwe anak lanang utawa wadon, kang wadon dalah anak-anake tetep dadi wewenange bendarane, lan kang lanang metune mung awake dhewe.

5. Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,

6. nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.

Pangentasan 21