Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.