4. Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Punapa ingkang badhe kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi sela!”
5. Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira lumakua ana ing ngarepe umat kairinga dening para tuwa-tuwane Israel sawatara, dene teken kang wus tau sira gawe nyabet bengawan Nil iku gawanen, nuli mangkata!
6. Lah Ingsun bakal jumeneng ana ing ngarepira ana ing dhuwur gunung parang ing Horeb, sira banjur nyabeta parang iku temah bakal metu banyune, satemah bangsa iku bakal padha bisa ngombe.” Nabi Musa iya tumuli ngestokake kaya mangkono ana ing ngarepe para tuwa-tuwane Israel.
7. Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”