Pangentasan 16:21-27 Kitab Sutji (JAV)

21. Sabanjure anggone padha ngukupi saben esuk. Saben wong manut tadhahe dhewe, awit samangsa kapanasan, banjur ledeng.

22. Ing dina kaping nem anggone ngukup roti tikel loro, wong siji rong gomer, nuli sakehe panggedhene pasamuwan padha seba ngaturi pirsa marang Nabi Musa.

23. Pangandikane Nabi Musa marang wong mau: “Iya iku kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: Sesuk iku dina libur babar pisan, iya sabat sesengkeraning Pangeran Yehuwah, roti kang arep kokbakar, bakaren, kang arep kokolah, olahen, turahane kabeh simpenen kanggo tandhon sesuke.”

24. Turahane kelakon disimpen tekan sesuke netepi dhawuhe Nabi Musa, iya ora mambu lan ora metu sete.

25. Sabanjure Nabi Musa ngandika: “Iku padha panganen ing dina iki, awit ing dina iki sabate Pangeran Yehuwah, kowe ora bakal nemu roti ana ing teba.

26. Nem dina kowe padha ngukupana, nanging ing dina kapitu iku dina Sabat, ing kono ora ana roti.”

27. Ewadene kelakon ing dina kapitu ana wong sawatara kang metu arep ngukup roti, nanging padha ora nemu.

Pangentasan 16