13. Kacarita bareng wayah sore nuli ana manuk gemak gegrombolan teka nglimputi ing tarub-tarube, lan bareng esuk ing saubenge tarub kebunan.
14. Bareng ebune wus nguwab, lah ing lumahe pasamunan ana wewujudan lembut las-lasan kaya sisik, lembute kaya ebun njendhel ing bumi.
15. Bareng wong Israel weruh banjur padha takon-takonan: “Apa iku?” Marga padha ora sumurup iku apa? Nabi Musa tumuli ngandika: “Iya iku roti peparinge Pangeran Yehuwah minangka panganmu.
16. Kowe padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah mangkene: Sira ngukupana iku, siji-sijine wong miturut tadhahe dhewe-dhewe; saben wong njupuka kanggo brayate, wong siji sagomer, saben brayat njupuka miturut jiwane.”
17. Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono, anggone ngukupi ana kang akeh, ana kang sathithik.
18. Samono iku bareng ditaker nganggo gomer, kang ngukup akeh ora turah lan kang ngukup sathithik ora kurang. Saben wong pangukupe manut tadhahe.
19. Nabi Musa ngandika marang wonw-wong mau: “Aja ana kang ngengehake kanggo sesuke.”