Pangentasan 15:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku,kang dadi kaslametanku.Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana,Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.

3. Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang;Yehuwah, yaiku asmane.

4. Kretane Sang Prabu Pringon lan balane dicemplungake ing sagara,para prawirane kang pilihanpadha diklelebake ana ing sagara Teberau.

5. Padha katutupan ing samodra gedhe,kelem prasasat watu ana ing banyu kang jero.

6. Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Padukadhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah.

7. Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung,Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka;Paduka nglepasaken latuning bebendu Padukaingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum.

8. Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhungsadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan.Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.

9. Ujaripun mengsah: Dakburune, dakandum rayahan;hawanepsuku daksokne marang wong-wong iku,pedhangku dakunuse;bakal padha katumpes dening tanganku.

10. Paduka lajeng ndhatengaken prahara, temah sami katutupan ing saganten;sami kelem kados timah wonten ing toya ingkang ngedab-edabi.

Pangentasan 15