1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:
2. “Wong Israel iku padha sira prentahana supaya bali lan nuli padha lerena ana sawetane Pi-Hakhirot ing saantarane Migdol karo sagara, kaprenah penere Baal-Zefon ing pinggir sagara.
3. Ing kono pringon bakal ngarani yen Israel padha bingung kesasar ana ing nagara kene, padha kapepetan ing pasamunan.
4. Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.
5. Bareng Sang Prabu Pringon kaunjukan pawarta, yen bangsa iku wus minggat, nuli Sang Prabu Pringon salin panggalihe, mangkono uga para abdine tumrap bangsa iku lan padha sapocapan: “Yagene kita kok padha nglakoni mangkono? Nganti nglilani Israel padha lunga, dadi wus ora ngawula marang kita?”
6. Sang Prabu Pringon banjur ngrakit kretane sarta ngumpulake wadya-balane,
7. mbekta kreta pilihan nematus, malah sakehe kreta satanah Mesir kabeh, padha ditunggangi dening para panggedhening prajurit.
8. Mangkono Pangeran Yehuwah anggone muguhake galihe Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir itu, temah banjur nututi wong Israel, nanging wong Israel lumaku terus kalawan katuntun dening asta kang luhur.
9. Anadene wong Mesir, sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon, prajurit jaranan lan wadya-balane, padha nututi wong Israel, anggone katututan nalika padha leren ana ing pinggir sagara, cedhak Pi-Hakhirot ing sangarepe Baal-Zefon.
10. Bareng Sang Prabu Pringon wus cedhak, wong Israel padha sumurup yen bala Mesir padha nututi, temah padha banget wedine, ing kono wong Israel padha sambat-sambat marang Sang Yehuwah,
11. sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?
12. Kula rak sampun sami matur dhateng panjenengan wonten ing Mesir: Kula mugi panjenengan kendelaken kemawon, kajengipun kula sami ngawula dhateng tiyang Mesir tinimbang kaliyan pejah wonten ing pasamunan punika.”