21. Nabi Musa tumuli nimbali sakehe tuwa-tuwane Israel sarta padha didhawuhi: “Padha lungaa, njupuka wedhus kanggo brayat-brayat reh-rehanmu, banjur padha nyembeleha cempening Paskah.
22. Nuli padha njupuka isop sabentel, celupna ing getih kang ana ing bokor, lan getih mau oser-oserna ing dhempele lawang kiwa-tengen lan ing ndhuwur; karodene sadhengah wong panunggalanmu ora kena metu saka lawang nganti tumeka wayah esuk.
23. Sabab Pangeran Yehuwah bakal ndlajahi tanah Mesir ndhawahake wewelak. Samangsa mirsa getih ana ing dhempeling lawang kang sisih ndhuwur lan kiwa-tengen, Pangeran Yehuwah bakal nglangkungi lawang iku, lan ora nglilani juru panumpes lumebu ing omahmu nibakake wewelak.
24. Prakara iku padha tetepana, gawenen pranatan kanggo kowe dhewe lan kanggo anak-putumu ing salawase.
25. Besuk samangsa kowe wus padha lumebu ing tanah kang bakal kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang kowe, kaya kang wus dadi prasetyane, tatanan pangibadah iki tetepana!
26. Dene manawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika?,
27. tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akeh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud.