18. Ing sasi kapisan tanggale ping patbelas wayah sore, sira mangana roti tanpa ragi, nganti tumeka tanggal selikur wayah sore.
19. Sajroning pitung dina lawase ora kena ana ragi ing omahira, sing sapa mangan sadhengah kang mawa ragi, wong iku kasirnakna saka ing pasamuwane Israel, dadia wong bangsa liya, dadia wong bumi.
20. Apa bae kang mawa ragi aja sira pangan; ana ing ngendi bae dunungira sira mangana roti tanpa ragi.”
21. Nabi Musa tumuli nimbali sakehe tuwa-tuwane Israel sarta padha didhawuhi: “Padha lungaa, njupuka wedhus kanggo brayat-brayat reh-rehanmu, banjur padha nyembeleha cempening Paskah.
22. Nuli padha njupuka isop sabentel, celupna ing getih kang ana ing bokor, lan getih mau oser-oserna ing dhempele lawang kiwa-tengen lan ing ndhuwur; karodene sadhengah wong panunggalanmu ora kena metu saka lawang nganti tumeka wayah esuk.
23. Sabab Pangeran Yehuwah bakal ndlajahi tanah Mesir ndhawahake wewelak. Samangsa mirsa getih ana ing dhempeling lawang kang sisih ndhuwur lan kiwa-tengen, Pangeran Yehuwah bakal nglangkungi lawang iku, lan ora nglilani juru panumpes lumebu ing omahmu nibakake wewelak.