Pangentasan 12:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun ana ing tanah Mesir:

2. “Sasi iki tumrap sira bakal dadi wiwitane sakehing sasi; iku bakal dadi sasi kapisan saben taun tumrap sira.

3. Sira ndhawuhana marang pasamuwane Israel kabeh mangkene: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempe siji, iku saben brayat; saben omah siji cempe siji.

4. Nanging saupama cempe siji iku kakehan kanggo brayat siji, iku wonge nglumpuka karo tanggane kang cedhak miturut jiwane. Mungguh cempe iku kira-kiranen sapira tadhahe siji-sijine wong.

5. Cempe mau kudu lanang, tanpa cacad, umure sataun, kena milih wedhus gembel utawa wedhus lumrah.

6. Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.

7. Getihe salong kajupuka kausarna ing dhempele lawang karo pisan kiwa-tengen lan ing ndhuwure, ing saben omah kang dianggo mangan cempe iku.

8. Daginge kudu padha dipangan ing bengi iku uga, kapanggang, pamangane karo roti tanpa ragi lan jangan pait.

9. Ora kena dipangan mentahan utawa godhogan; mesthi panggangan tekan endhase, sikile dalah jeroane pisan.

10. Iya ora kena nganti turah tekan esuk; apa kang isih turah, esuke kudu diobong!

11. Patrape mangan iku mangkene: lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken, anggonmu mangan kanthi rerikatan, iku Paskahe Pangeran Yehuwah.

Pangentasan 12