14. Walang-walang iku banjur mratani satanah Mesir, kabeh padha neba ing satlatahe Mesir nganti akeh banget; sadurunge iku durung tau ana walang samono akehe lan ing tembe iya bakal ora kelakon mangkono maneh.
15. Sarehne walang-walang mau mratani salumahe tanah kabeh, mulane nagarane dadi peteng; walange padha mangani saanane tetuwuhan lan pala-gumantung sisane udan es, sakehe wit-witan lan tanem-tuwuh ing satanah Mesir wus ora ana ijone sathithik-thithika.
16. Sang Prabu Pringon tumuli enggal-enggal nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Ingsun wus gawe dosa marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira lan marang sira.
17. Kang iku sira ngapuraa dosaningsun sapisan iki bae lan nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira iku, supaya karsaa nyingkirake bebaya pati iku saka ingsun.”
18. Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta ndedonga marang Pangeran Yehuwah.