Pangentasan 10:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon, dene Ingsun wus mangkotake atine lan atine para abdine, supaya Ingsun nindakake pratandha-pratandha ana ing tengahe.

2. Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”

3. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawase anggonira ora gelem ngesorake awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun!

4. Dene samangsa sira ora gelem nglilani lunga umatingSun, sesuk Ingsun bakal ndhatengake walang ana ing tlatahira.

5. Walang mau bakal nutupi lumahe bumi nganti ora katon lemahe, sarta bakal mangani nganti entek sabarang kang isih kari kang ora rusak marga anane udan es, dalasan sakehe wit-witan kang thukul ana ing tanahira iku bakal padha dimangsa nganti ludhes kabeh.

6. Malah bakal ngebaki omahira, omahe abdinira lan omahe wong Mesir kabeh, kaanan kang kaya mangkono iku durung tau dialami dening para leluhurira wiwit padha tumitah ana ing bumi nganti saprene.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.

7. Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”

8. Nabi Musa lan Rama Harun banjur kasowanake maneh marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta padha dipangandikani: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira. Sapa bae satemene kang bakal padha lunga iku?”

9. Ature Nabi Musa: “Kawula badhe sami kesah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler estri dalasan menda saha lembu kawula, awitdene kawula sami badhe damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”

10. Nanging Sang Prabu Pringon ngandika: “Pangeran Yehuwah kareben nunggal karo sira, yen ingsun nglilanana sira lunga dalah anak-anakira. Lah sedyanira iku ala!

11. Iku ora mangkono. Sira padha kena lunga, nanging ngemungna wong lanang-lanang bae kang saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, rak iya mung iku ta kang dadi panyuwunira?” Nabi Musa lan Rama Harun banjur ditundhung saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.

Pangentasan 10