15. Sang Raja ing Mesir uga dhawuh marang bidhan-bidhan kang nulungi wong wadon Ibrani, kang siji jenenge Sifra sijine Pua, pangandikane:
16. “Samangsa sira nulungi wong wadon bangsa Ibrani kang nglairake anak, sira kudu namatake, manawa bayine lair lanang, enggal sira patenana, dene yen wadon kena lestari urip.”
17. Nanging bidhan-bidhan mau wedi marang Gusti Allah, mulane ora ngestokake dhawuhe Sang Raja ing Mesir, dadi bayi-bayine kang lanang iya padha diuripi.
18. Sang Raja ing Mesir banjur nimbali bidhan-bidhan mau sarta padha didangu: “Yagene sira tumindak mangkono, isih nguripi bayi-bayi iku?”
19. Unjuke bidhan-bidhan iku marang Sang Prabu Pringon: “Kauningana, tiyang estri Ibrani punika boten sami kaliyan tiyang estri Mesir, sami kiyat-kiyat; saderengipun bidhan dhateng, bayi sampun lair.”
20. Marga saka iku Gusti Allah banjur paring kamirahan marang bidhan-bidhan mau, dene bangsa iku saya wuwuh akeh maneh nganti tikel-matikel.
21. Sarehne bidhan-bidhan iku padha ngabekti marang Gusti Allah, mulane padha dilestarekake turune.
22. Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”