Pangentasan 1:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing tanah Mesir, tekane ndherek Rama Yakub; siji-sijine karo brayate:

2. Ruben, Simeon, Lewi lan Yehuda,

3. Isakhar, Zebulon lan Benyamin,

4. Dhan lan Naftali, Gad lan Asyer.

5. Turune Rama Yakub iku gunggunge kabeh ana pitung puluh, nanging Sang Yusuf wus ana ing tanah Mesir.

6. Sang Yusuf tumuli seda, dalah para sadhereke lan kabeh barakane.

7. Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe; mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.

8. Nuli ana raja anyar kang jumeneng mengku tanah Mesir, kang ora mirsa bab Sang Yusuf.

9. Iku banjur ngandika marang para kawulane: “Bangsa Israel iku akeh banget, cacahe nganti ngungkuli kita.

10. Mulane payo padha golek rekadaya, supaya aja nganti wuwuh akeh maneh lan saupama ana peperangan aja nganti mbiyantu mungsuh kita, sarta merangi kita, banjur minggat saka nagara kene.”

11. Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.

12. Nanging sanadyan panindhese mundhak dina mundhak abot, ewasamono malah saya wuwuh lan tangkar-tumangkar, temahan wong padha rumangsa wedi marang wong Israel.

Pangentasan 1