4. Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.
5. Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.
6. Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”
7. “Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.