10. nanging saben wong kang sengit marang Panjenengane, bakal diwales lan disirnakake. Satrune ora diparingi sumene, mesthi terus bae bakal diwales.
11. Mulane kowe padha netepana prentahe, yaiku katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki supaya koklakoni.”
12. “Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.
13. Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.
14. Anggonmu binarkahan iku bakal ngluwihi sakehe para bangsa, bakal ora ana panunggalanmu kang gabug, dadia lanang utawa wadon, dalah kewanmu iya ora ana kang majer.
15. Karodene Pangeran Yehuwah bakal ngedohake kowe saka sarupane lelara, lan kowe ora bakal kecandhak ing memala kang nggegirisi kang tau koksumurupi ana ing tanah Mesir. Nanging iku bakal diganjarake marang sakehe wong kang sengit marang kowe.
16. Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.