Pangandharing Toret 7:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. “Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,

2. sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.

3. Karomaneh aja bebesanan karo wong iku, anakmu wadon aja kokolehake karo anake lanang, utawa anake wadon iya aja kokjodhokake karo anakmu lanang;

4. awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.

5. Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.

6. Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.

7. Pangeran Yehuwah anggone katarik panggalihe marang kowe lan anggone milih kowe, iku ora marga saka cacahmu ngungkuli bangsa-bangsa liyane, -- sajatine kowe iku rak cilik dhewe ana ing antarane bangsa-bangsa kabeh --,

8. nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.

9. Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,

10. nanging saben wong kang sengit marang Panjenengane, bakal diwales lan disirnakake. Satrune ora diparingi sumene, mesthi terus bae bakal diwales.

11. Mulane kowe padha netepana prentahe, yaiku katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki supaya koklakoni.”

12. “Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.

Pangandharing Toret 7