Pangandharing Toret 4:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. “Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.

2. Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.

Pangandharing Toret 4