Pangandharing Toret 34:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Nabi Musa banjur tindak saka ing tanah warata ing Moab, minggah ing gunung Nebo, pucake pagunungan Pisga ing penere Yerikho, tumuli ditedahi saindenging nagara iku kabeh dening Sang Yehuwah: dhaerah Gilead tutug ing Dhan,

2. tlatahe Naftali kabeh, tanahe Efrayim lan Manasye, tanahe Yehuda sawratane nganti tekan ing sagara kulon;

3. tanah Negeb lan Lebak Yarden, lebak Yerikho, kutha wit kurma, nganti tutug ing Zoar.

Pangandharing Toret 34