Pangandharing Toret 33:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. Tumrap Benyamin iku pangandikane:“Iku kekasihe Sang Yehuwah, kang tentrem pamanggone ana ing ngarsane. Sang Yehuwah kang tansah ngayomi sarta dedalem ana ing ereng-erenging gununge.”

13. Tumrap Yusup, pangandikane:“Nagarane muga kaberkahana dening Sang Yehuwah kalawan pepethingan saka ing langit; kalawan ebun lan banyuning samodra agung kang saka ing dhasaring bumi;

14. saka adi-adining pametune srengenge, lan kalawan pepethinganing kang diwetokake dening rembulan;

15. kalawan adi-adining pametune gunung-gunung kang saka wiwitan mula, kalawan pepethinganing pametune punthuk-punthuk kang wus maabad-abad anane;

16. sarta kalawan pepethingane bumi saisine; apadene sih-kadarmane Kang dedalem ana ing grumbul eri. Kabeh iku tumuruna ing sirahe Yusup, iya ing embun-embune kang pinunjul dhewe ana ing antarane para sadulure.

17. Pambareping sapine kang dadi kaluhurane, lan sungune kaya sungune bantheng; iku bakal digawe nyundhang bangsa-bangsa ing salumahing bumi, saka ing poncot tekan ing poncot. Yaiku wong Efraim kang puluhan ewu lan wong Manasye kang ewon.”

Pangandharing Toret 33