42. Ingsun bakal ngendemi jemparingingSun kalawan getih,lan pedhangingSun bakal mangan daging;getihe wong-wong kang padha matisinuduk lan wong-wong kang padha katawan,saka sirahe pimpinane mungsuh kang rambute dawa.
43. He, para bangsa, padha surak-suraka marga saka umate,awitdene Panjenengane malesake getihe para abdine,sarta bakal ndhawahake piwales marang kang padha nglawan ing Panjenengane,sarta bakal nganakake pirukun tumrap tanahe umate.”
44. Nabi Musa tumuli rawuh bebarengan karo Sang Yusak bin Nun, lan nglairake sakehe tetembunganing kidung mau ing sapangrungune bangsa iku.
45. Sawuse Nabi Musa rampung anggone nglairake sakehe tetembungan mau marang wong Israel kabeh,
46. banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.
47. Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”
48. Ing dina iku uga Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:
49. “Sira munggaha menyang ing pagunungan Abarim, menyang ing gunung Nebo kang ana ing tanah Moab ing penere Yerikho, banjur sira nyawanga tanah Kanaan kang bakal Sunparingake marang wong Israel dadi darbeke.
50. Sira bakal mati ana ing gunung kang sira unggahi iku, supaya sira kaklumpukake karo para leluhurira, padha kaya Harun kakangira kang iya wus kelakon mati ana ing gunung Hor, kaklumpukake karo para leluhure,
51. iku marga sira ngowahi kasetyanira marang Ingsun ana ing satengahe wong Israel ing sacedhake sumber Meriba ing Kadesy, ing pasamunan Zin, lan marga sira ora nucekake Ingsun ana ing satengahe wong Israel.