Pangandharing Toret 32:30-47 Kitab Sutji (JAV)

30. Apa bisa kelakon wong siji mburu wong sewulan wong loro bisa ngalahake wong sapuluh ewu,yen oraa wus padha kaedol dening gunung parangelan diulungake dening Sang Yehuwah.

31. Marga gunung parange wong-wong iku ora kaya gunung parang kita;bab iku mungsuh kita kena dadi hakim.

32. Sanyatane wite anggur wong-wong iku asale saka wit anggur ing Sodomlan saka pakebonan ing Gomora;wohe anggure iku ngandhut racun,pait dhompolane.

33. Duduhe anggure iku wisaning ula,lan wisaning ula bedhudhak kang mandi banget.

34. Kabeh iku apa ora wus Sunsimpen,kasegel ana ing gedhong parawataningSun?

35. Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males,ing mangsane sikile nggloyori,awitdene wus cedhak dinaning karusakane,sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.

36. Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate,lan bakal melasi marang para abdine,samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatanelan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.

37. Ing kono Panjenengane bakal ngandika: Ana ing ngendi allah-allahe-- gunung parang kang dadi pangungsene --,

38. kang padha mangan gajihing sesajene sembelehan,kang padha ngombe anggur kurban unjukan?Kareben iku padha tumandang mitulungi sira,supaya sira oleh pangayoman.

39. Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane;ora ana Allah, kajaba Ingsun.Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake,Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake;sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.

40. Lah Ingsun ngangkat astaningSun marang ing langit kalawan ngandika:Demi Ingsun agesang langgeng,

41. samangsa Ingsun ngasah pedhangingSun kang gilap,sarta astaningSun ngasta pangadilan,mesthi Ingsun bakal paring piwalesmarang kang padha nglawan marang Ingsun,sarta males marang para satruningSun.

42. Ingsun bakal ngendemi jemparingingSun kalawan getih,lan pedhangingSun bakal mangan daging;getihe wong-wong kang padha matisinuduk lan wong-wong kang padha katawan,saka sirahe pimpinane mungsuh kang rambute dawa.

43. He, para bangsa, padha surak-suraka marga saka umate,awitdene Panjenengane malesake getihe para abdine,sarta bakal ndhawahake piwales marang kang padha nglawan ing Panjenengane,sarta bakal nganakake pirukun tumrap tanahe umate.”

44. Nabi Musa tumuli rawuh bebarengan karo Sang Yusak bin Nun, lan nglairake sakehe tetembunganing kidung mau ing sapangrungune bangsa iku.

45. Sawuse Nabi Musa rampung anggone nglairake sakehe tetembungan mau marang wong Israel kabeh,

46. banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.

47. Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”

Pangandharing Toret 32