21. padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah;padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane.Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat,lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.
22. Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni,nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe;geni iku mangsa marang bumi dalah pametune,sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.
23. Ingsun bakal ndhawahake bilai tumpuk-undhung marang wong-wong ikulan Sunebyuki sakehe jemparingingSun.
24. Samangsa wus menggrik-menggrik marga kurang panganlan katon nglayung marga ketrajang lara panas kang nggegirisi,apadene pageblug kang ampuh,nuli bakal Sunlepasi siyunge sato galaklan wisane kewan kang padha nlosor ana ing bumi.
25. Jaka lan prawan, pasuson lan wong kang wus uwanenbakal padha tumpes, ana ing jabadening pedhang ana ing jero kamar dening pagiris.