Pangandharing Toret 32:20-36 Kitab Sutji (JAV)

20. Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku;Sunpirsani bakal kapriye wekasane;awitdene iku bangsa kang keblinger,anak kang padha ora setya-tuhu,

21. padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah;padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane.Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat,lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.

22. Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni,nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe;geni iku mangsa marang bumi dalah pametune,sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.

23. Ingsun bakal ndhawahake bilai tumpuk-undhung marang wong-wong ikulan Sunebyuki sakehe jemparingingSun.

24. Samangsa wus menggrik-menggrik marga kurang panganlan katon nglayung marga ketrajang lara panas kang nggegirisi,apadene pageblug kang ampuh,nuli bakal Sunlepasi siyunge sato galaklan wisane kewan kang padha nlosor ana ing bumi.

25. Jaka lan prawan, pasuson lan wong kang wus uwanenbakal padha tumpes, ana ing jabadening pedhang ana ing jero kamar dening pagiris.

26. Ingsun mesthine kudu ngandika: Bakal padha Sundamoni.Pangeling-eling marang wong-wongiku bakal Sunsirnakake saka ing antarane para manungsa,

27. nanging Ingsun sumelang manawa mungsuh banjur nuwuhake gerahing panggalihingSun,bokmanawa lawanane iku padha salah tampanganti duwe pangucap: Tanganku unggul,dudu Sang Yehuwah kang nindakake iki kabeh.

28. Awitdene iku bangsa kang tanpa nalar,padha tanpa budi.

29. Saupama wicaksanaa, mesthi ngerti prakara iki,sarta mikir kapriye bakal wekasane.

30. Apa bisa kelakon wong siji mburu wong sewulan wong loro bisa ngalahake wong sapuluh ewu,yen oraa wus padha kaedol dening gunung parangelan diulungake dening Sang Yehuwah.

31. Marga gunung parange wong-wong iku ora kaya gunung parang kita;bab iku mungsuh kita kena dadi hakim.

32. Sanyatane wite anggur wong-wong iku asale saka wit anggur ing Sodomlan saka pakebonan ing Gomora;wohe anggure iku ngandhut racun,pait dhompolane.

33. Duduhe anggure iku wisaning ula,lan wisaning ula bedhudhak kang mandi banget.

34. Kabeh iku apa ora wus Sunsimpen,kasegel ana ing gedhong parawataningSun?

35. Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males,ing mangsane sikile nggloyori,awitdene wus cedhak dinaning karusakane,sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.

36. Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate,lan bakal melasi marang para abdine,samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatanelan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.

Pangandharing Toret 32