Pangandharing Toret 32:2-21 Kitab Sutji (JAV)

2. Piwulangku muga tumetes kaya udan,tembungku tetesa kaya ebun,kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi,kaya udan deres nibani tetuwuhan.

3. Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake:Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,

4. Gunung Parang, kang sampurna pakaryane,jejeg sakehe margine;marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane,Panjenengane iku bener lan adil.

5. Wong-wong kang wus padha ora dadi putrane maneh,kang padha dadi blentong,golongan kang nasar lan plinthat-plinthut,iku padha nandukake kanisthan marang Panjenengane.

6. He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi,apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah?Iku rak Ramamu kang nitahake kowe,kang nganakake lan kang nguwatake kowe.

7. Elinga marang jaman kuna,gatekna taun-taune turun kang wus kepungkur,tekokna marang bapakmu, iku kang bakal nerangake marang kowe,lan marang para pinituwa, iku kang bakal ngandhani marang kowe.

8. Ing nalika Kang Mahaluhur mandumi tanah-pusaka marang para bangsa,iya ing kalane misahake para anake manungsa,Panjenengane netepake wilayahe para bangsa ikumiturut cacahe wong Israel.

9. Awitdene kang dadi pandumane Pangeran Yehuwah iku umate,Eyang Yakub iku kang katetepake dadi kagungane piyambak.

10. Anggone manggih ana ing sawijining nagara ana ing pasamunan,ana ing satengahe papan kang mluwa lan panggeroning pasamunan,banjur diamping-ampingi,direksa prasasat maniking paningale.

11. Kaya patrape manuk garudha anggone ngiyun-iyun isining susuhe,nglayang-nglayang ngreksa anak-anake,mbeber swiwine, nadhahi anake siji,lan banjur digendhong ing swiwine,

12. kaya mangkono Sang Yehuwah piyambak anggone ngirid lakune,ora ana allah liyane kang mbarengi.

13. Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi,diparingi pangan pametune pategalan,didadekake nesep madu saka ing gunung paranglan lenga saka ing watu kelang,

14. kaniling puwane sapi lan puwane wedhus,karo gajihing cempelan wedhus gembel lanang saka ing Basan,apadene wedhus berok,kalawan gandum pilihan,sarta getihing woh anggur kang dadi omben-omben, anggur kang munthuk.

15. Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi,-- kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah --,banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahakelan ngremehake gunung paranging karahayone.

16. Padha memungu butajengane marga nyembah allah liyane;nuwuhake gerahe panggalihe kalawan dewaning kanisthan;

17. padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah,marang allah kang padha ora diwanuhi,allah anyar kang lagi bae jumedhul,kang ora diwedeni dening para leluhurmu.

18. Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake,lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.

19. Nalika Sang Yehuwah nguningani bab iku,banjur nampik wong-wong mau,marga gerah ing penggalih jalaran saka anak-anake lanang lan wadon.

20. Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku;Sunpirsani bakal kapriye wekasane;awitdene iku bangsa kang keblinger,anak kang padha ora setya-tuhu,

21. padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah;padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane.Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat,lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.

Pangandharing Toret 32