11. Kaya patrape manuk garudha anggone ngiyun-iyun isining susuhe,nglayang-nglayang ngreksa anak-anake,mbeber swiwine, nadhahi anake siji,lan banjur digendhong ing swiwine,
12. kaya mangkono Sang Yehuwah piyambak anggone ngirid lakune,ora ana allah liyane kang mbarengi.
13. Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi,diparingi pangan pametune pategalan,didadekake nesep madu saka ing gunung paranglan lenga saka ing watu kelang,
14. kaniling puwane sapi lan puwane wedhus,karo gajihing cempelan wedhus gembel lanang saka ing Basan,apadene wedhus berok,kalawan gandum pilihan,sarta getihing woh anggur kang dadi omben-omben, anggur kang munthuk.
15. Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi,-- kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah --,banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahakelan ngremehake gunung paranging karahayone.
16. Padha memungu butajengane marga nyembah allah liyane;nuwuhake gerahe panggalihe kalawan dewaning kanisthan;
17. padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah,marang allah kang padha ora diwanuhi,allah anyar kang lagi bae jumedhul,kang ora diwedeni dening para leluhurmu.
18. Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake,lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.
19. Nalika Sang Yehuwah nguningani bab iku,banjur nampik wong-wong mau,marga gerah ing penggalih jalaran saka anak-anake lanang lan wadon.
20. Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku;Sunpirsani bakal kapriye wekasane;awitdene iku bangsa kang keblinger,anak kang padha ora setya-tuhu,
21. padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah;padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane.Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat,lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.
22. Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni,nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe;geni iku mangsa marang bumi dalah pametune,sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.
23. Ingsun bakal ndhawahake bilai tumpuk-undhung marang wong-wong ikulan Sunebyuki sakehe jemparingingSun.
24. Samangsa wus menggrik-menggrik marga kurang panganlan katon nglayung marga ketrajang lara panas kang nggegirisi,apadene pageblug kang ampuh,nuli bakal Sunlepasi siyunge sato galaklan wisane kewan kang padha nlosor ana ing bumi.
25. Jaka lan prawan, pasuson lan wong kang wus uwanenbakal padha tumpes, ana ing jabadening pedhang ana ing jero kamar dening pagiris.
26. Ingsun mesthine kudu ngandika: Bakal padha Sundamoni.Pangeling-eling marang wong-wongiku bakal Sunsirnakake saka ing antarane para manungsa,
27. nanging Ingsun sumelang manawa mungsuh banjur nuwuhake gerahing panggalihingSun,bokmanawa lawanane iku padha salah tampanganti duwe pangucap: Tanganku unggul,dudu Sang Yehuwah kang nindakake iki kabeh.
28. Awitdene iku bangsa kang tanpa nalar,padha tanpa budi.