1. Sawuse mangkono Nabi Musa banjur tindak sarta nglairake sakehing pangandika iki marang wong Israel kabeh.
2. Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.
3. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah.
4. Dene Sang Yehuwah bakal ngetrapi para bangsa mau kaya kang wus ditandukake marang Prabu Sihon lan Prabu Og, para ratune wong Amori, kang wus padha ditumpes dalah tanahe pisan.
5. Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe.
6. Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.”
7. Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku.
8. Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”
9. Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;