10. Iku manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanthi netepi pepaken lan katetepane kang padha katulisan ana ing kitab Toret iki, sarta manawa kowe mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”
11. “Awitdene pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, iku ora kaboten tumrap kowe lan iya ora kadohen,
12. ora ana ing langit, samungguh mangkonoa kowe mesthi ngucap: Sapa kang bakal munggah menyang ing langit njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni?
13. Lan iya ora ana ing sabrange sagara, saupama mangkonoa pangucapmu mesthi mangkene: Sapa kang bakal nyabrang menyang ing sabrange sagara, njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni?
14. Nanging pangandika iku cedhak banget karo kowe, yaiku ana ing cangkemmu lan ing atimu, supaya katindakake!
15. Elinga, ing dina iki aku wus nggelarake bab urip lan karahayon, bab pati lan kasangsaran,
16. marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara,sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.
17. Nanging manawa atimu mungkur lan ora ngestokake dhawuhe, malah kagendeng nganti sujud lan ngabekti marang allah liyane,
18. ing dina iki kowe dakkandhani; yen kowe masthi bakal padha tumpes, ora-orane yen kowe bakal padha lestari pamanggonmu ana ing tanah kang lagi kokparani kalawan nyabrang ing kali Yarden lan bakal kokenggoni.
19. Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,
20. kalawan nresnani Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ngrungokake marang pangandikane sarta rumaket marang Panjenengane; marga yaiku kang njalari uripmu lan dawane umurmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos, marang para leluhurmu yaiku: Eyang Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake.”