13. Kekarene tanah Gilead lan satanah Basan kabeh, tilas karajane Prabu Og, yaiku tlatahe tanah Argob kabeh, iku dakwenehake marang saparone taler Manasye. -- Tanah Basan iku kabeh diarani nagarane wong Refaim --.
14. Yair anake Manasye oleh panduman satlatahe tanah Argob kabeh nganti tekan ing tlatahe wong Gesur lan wong Maakha, dene tanah Basan iku banjur diarani Hawot-Yair, miturut jenenge dhewe, nganti saprene.
15. Makhir iku dakwenehi tanah Gilead.
16. Bani Ruben lan bani Gad padha dakwenehi saperangane tanah Gilead tutug ing kali Arnon, yaiku saparone kali iku dalah pinggire, lan ing sisih kana nganti tutug ing kali Yabok, tapel watese tanahe bani Amon;
17. sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.
18. Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;
19. mung somah lan anak-anakmu kang isih bocah sarta raja-kayamu, -- aku sumurup yen raja-kayamu akeh --, iku padha tinggalen ana ing kutha-kutha kang wus dakwenehake marang kowe;
20. nganti tumeka Sang Yehuwah wus paring katentreman marang para sadulurmu mau padha kaya kowe, dadi iya wus padha ndarbeni tanah kang bakal diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang para sadulurmu mau ana ing sabrange bengawan Yarden. Sawuse mangkono kowe padha muliha menyang ing tanah-pusakamu dhewe-dhewe kang wus dakwenehake marang kowe.
21. Lan ing nalika iku Yusak dakprentahi mangkene: Mripatmu dhewe wus ndeleng sabarang kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang ratu loro iku; kaya mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nandukake marang sakehe karajan kang bakal koklurugi.
22. Mulane aja wedi, marga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang nyarirani perangmu.”
23. “Ing waktu samana aku iya nyuwun sih-piwelas marang Sang Yehuwah, unjukku:
24. Dhuh Pangeran Allah, Paduka sampun miwiti ngatingalaken kaluhuran Paduka saha asta Paduka ingkang kuwaos dhateng abdi Paduka, awitdene ing swarga miwah ing bumi, punapa wonten allah malih ingkang saged nindakaken pandamel ingkang prakosa kados Paduka.
25. Mugi kawula kelilana nyabrang ningali nagari ingkang sae wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih tanah pareden ingkang sae punika, saha pareden Libanon.
26. Nanging Pangeran Yehuwah duka marang aku marga saka kowe, lan ora nyembadani panyuwunku, malah aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Wis cukup, sira aja munjuk maneh marang Ingsun bab prakara iku.
27. Sira munggaha menyang pucake gunung Pisga, nuli ndelenga mangulon, mangalor, mangidul sarta mangetan lan delengen kang temenan, marga sira bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden iki.
28. Lan sira prentaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atine, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakune bangsa iki, iya dheweke iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbeni nagara kang bakal sira deleng iku.
29. Kaya mangkono dadi kita padha mandheg ana ing lebak penere Bet-Peor.”