Pangandharing Toret 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. “Kita banjur menggok lan lumaku ngener marang tanah Basan; Prabu Og, ratu ing Basan, nuli methukake kita lan perang nglawan kita dalah wadya balane kabeh ana ing Edrei.

2. Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: Sira aja wedi karo wong iku, marga iku bakal Sunulungake marang tanganira, dalah wadya-balane kabeh apadene nagarane, sira tandukana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon, ratune bangsa Amori kang manggon ing Hesybon.

3. Anadene Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, tumuli iya ngulungake Prabu Og, ratu ing Basan marang tangan kita dalah sabalane kabeh, temahan padha kita sorake, nganti wonge ora ana siji-sijia kang bisa oncat.

4. Ing nalika iku sakehe kutha-kuthane banjur kita rebut, ora ana siji-sijia kang kari, cacahe kutha sawidak; satlatahe tanah Argob kabeh, karajane Prabu Og ing Basan.

5. Kutha iku kabeh santosa mawa balowarti dhuwur, lan gapurane nganggo slarak, kajaba iku isih ana kutha pirang-pirang kang tanpa balowarti.

6. Kabeh kang manggon tumuli padha kita bengkas, kaya kang wus kita tandukake marang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; wong isine saben kutha padha kita tumpes kabeh, iya wong lanang iya wong wadon dalah bocah-bocahe;

7. nanging raja-kayane kabeh lan jarahan saka kutha-kutha mau padha kita rampas kanggo kita dhewe.

8. Kaya mangkono dadine ing waktu iku kita padha ngrebut nagara ing sabrange kali Yarden saka pamengkuning ratune bangsa Amori loro iku, wiwit saka kali Arnon nganti tumeka ing gunung Hermon;

9. -- Hermon iku dening wong Sidon diarani Siryon, dene bangsa Amori ngarani Senir --,

10. sakehe kutha ing tanah warata kang dhuwur, tlatahe Gilead sarta satanah Basan kabeh, tekan ing Salkha lan Edrei, kutha-kuthaning karajane Prabu Og ing Basan.

Pangandharing Toret 3