25. Ing kono bakal ana kang mangsuli: Iku marga saka anggone padha nyingkur marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, yaiku prajanjian kang kadamel karo wong-wong iku nalika padha kaentasake saka ing tanah Mesir;
26. sarta anggone wus padha lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, yaiku allah kang maune padha ora disumurupi lan kang ora dikarsakake dening Pangeran Yehuwah.
27. Mulane bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang nagara iku, nganti didhawahi sakehe pangipat-ipat kang katulisan ana ing kitab iki.
28. Sang Yehuwah nyebratake wong-wong iku saka ing tanahe kalawan duka lan bentering bramatyane lan bebendune kang nggegirisi, banjur padha dibuwang menyang ing nagara liya, kaya kang wus kelakon ing dina iki.
29. Prakara kang samar iku karegem ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, nanging apa kang wus kalairake iku kanggo kita lan anak-putu kita ing salawas-lawase, supaya kita padha ngestokna sakehe pangandikaning angger-anggere.”