Pangandharing Toret 29:20-29 Kitab Sutji (JAV)

20. Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;

21. Sang Yehuwah bakal misahake wong iku saka ing sakehe talere Israel supaya kataman ing bilai, ngetrepi sumpah prasetyan kang katulisan ana ing kitab Toret iki.

22. Turun-turunmu ing tembe, yaiku anak-putumu kang bakal tuwuh ing sapungkurmu, lan bangsa liya kang bakal teka saka ing tanah adoh, manawa padha weruh wewelak lan lelara kang nempuh ing nagara iku marga saka panggebage Sang Yehuwah,

23. yaiku: sawratane tanah padha geseng kabeh marga saka welirang lan uyah, kang ora kasebaran, ora nuwuhake apa-apa lan ora ana thethukulan kang tinemu ing kono, kayadene Sodom, Gomora, Adma lan Zeboim, kang padha diwalik dening Sang Yehuwah sajroning bebendu lan bentering bramatyane.

24. Sakehe para bangsa bakal padha sapocapan: Yagene Sang Yehuwah nindakake mangkono marang nagara iki. Yagene bebendune kang ngedab-edabi nganti mulad-mulad mangkono.

25. Ing kono bakal ana kang mangsuli: Iku marga saka anggone padha nyingkur marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, yaiku prajanjian kang kadamel karo wong-wong iku nalika padha kaentasake saka ing tanah Mesir;

26. sarta anggone wus padha lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, yaiku allah kang maune padha ora disumurupi lan kang ora dikarsakake dening Pangeran Yehuwah.

27. Mulane bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang nagara iku, nganti didhawahi sakehe pangipat-ipat kang katulisan ana ing kitab iki.

28. Sang Yehuwah nyebratake wong-wong iku saka ing tanahe kalawan duka lan bentering bramatyane lan bebendune kang nggegirisi, banjur padha dibuwang menyang ing nagara liya, kaya kang wus kelakon ing dina iki.

29. Prakara kang samar iku karegem ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, nanging apa kang wus kalairake iku kanggo kita lan anak-putu kita ing salawas-lawase, supaya kita padha ngestokna sakehe pangandikaning angger-anggere.”

Pangandharing Toret 29