Pangandharing Toret 29:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.

2. Nabi Musa nimbali sagolongane wong Israel kabeh kadhawuhan nglumpuk, banjur padha dipangandikani mangkene: “Kowe wus padha ndeleng apa sapandamele Sang Yehuwah ana ing tanah Mesir marang Sang Prabu Pringon lan sakehe para abdine lan marang ing saindenging nagarane,

3. panyoba kang gedhe kang wus padha kokdeleng dhewe, rupa pratandha lan mukjijat kang agung iku;

4. nanging tekan ing dina iki kowe padha ora diparingi akal-budi kang kanggo mangreti utawa mripat kanggo ndeleng, apadene kuping kanggo ngrungkokake dening Sang Yehuwah.

5. Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;

6. sira ora mangan roti, anggur utawa omben-omben kang mendemi sira ora ngombe, supaya sira sumurupa yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.

7. Satekamu ing panggonan kene, banjur padha dilurugi perang dening Prabu Sihon, ratu ing Hesybon lan Prabu Og, ratu ing Basan, nanging iku padha kita gecak,

8. sarta nagarane padha kita rebut, kita wenehake marang wong Ruben, marang wong Gad lan marang separone taler manasye dadi tanah-pusaka.

9. Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.

10. Ing dina iki kowe kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, para panggedhene talermu, para tuwa-tuwamu lan para tetindhihing wadya-balamu lan sakehe wong lanang ing Israel,

11. anak-anakmu, somahmu lan bangsa liya kang ana ing pakemahanmu, dalasan para tukang nyigari kayu lan tukang nimba;

12. padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;

Pangandharing Toret 29