Pangandharing Toret 28:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara watuk getih, panastis, panas kang nganti nggosongake awak, tatu kang mbebayani apadene mangsa ngerak, ama lan lelara gandum, kabeh iku bakal nempuh marang kowe nganti satumpesmu.

23. Langit kang ana ing sadhuwure sirahmu bakal dadi kaya tembaga lan tanah kang kokambah bakal dadi kaya wesi.

24. Sang Yehuwah bakal nurunake udan awu lan bledug ing nagaramu, kabeh mau bakal nibani kowe saka ing langit nganti tumeka ing satumpesmu.

25. Sang Yehuwah bakal marengake kowe kagecak kabeh dening mungsuhmu. Anggonmu nglurug bakal ngambah ing dalan siji, nanging anggonmu keplayu saka ing ngarepe bakal metu ing dalan pitu; nganti kowe nukulake rasa girise sakehe karajan ing bumi.

26. Jisimmu bakal dadi memangsane sarupane manuk ing awang-awang lan beburon ing bumi, sarta bakal ora ana kang nggusahi.

27. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan memala wudun ing Mesir, kalawan plentung, bengkoyok lan kadhas-kudhis, kang nganti ora bisa mari.

28. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara edan, wuta sarta bubrah ing nalar,

29. temah ing wayah awan kowe nganti grayah-grayah, kaya wong wuta ana ing pepeteng. Salaku-lakumu bakal ora begja, mung bakal tansah dikaniaya lan dirampog, mangka ora ana kang mitulungi.

30. Kowe bakal pepacangan karo wong wadon, nanging wong liya kang bakal ngewori turu. Kowe bakal gawe omah, nanging ora bakal kokenggoni. Kowe bakal gawe pakebonan anggur, nanging ora bakal ngrasakake wohe.

31. Sapimu bakal disembeleh ana ing ngarepmu, nanging kowe ora bakal mangan daginge; kuldimu bakal dirampas saka ing ngarepmu, lan ora bakal dibalekake marang kowe. Wedhusmu bakal padha kaulungake marang mungsuhmu, mangka bakal ora ana kang teka mitulungi kowe.

32. Anakmu lanang lan wadon bakal kaulungake marang bangsa liya, koksipati kalawan mripatmu dhewe, sarta saben dina kowe tansah kangen marang anak-anakmu iku, nanging kowe ora bakal bisa tumindak apa-apa.

33. Sawijining bangsa kang ora kokwanuhi kang bakal mangan pametuning lemahmu lan sakehe wohe kangelanmu; kowe tansah bakal ditindhes lan dikaniaya.

Pangandharing Toret 28