1. “Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.
2. Manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kowe bakal ketekan sakehing berkah kang bakal dadi pandumanmu.
3. Kowe bakal kaberkahan ana ing jero kutha lan kaberkahan ana ing pategalan.
4. Bakal binerkahan wohing wetenganmu, pametuning palemahanmu, wohing raja-kayamu, iya wetengane sapimu lan wedhusmu.
5. Bakal binerkahan kranjangmu lan wadah jladrenmu.
6. Bakal binerkahan samangsa kowe lumebu lan bakal kaberkahan samangsa metu.
7. Sang Yehuwah bakal marengake mungsuhmu kang maju perang nglawan marang kowe, padha kagecak ana ing ngarepmu. Anggone nglurugi kowe bakal padha metu ing dalan siji, nanging anggone keplayu saka ing ngarepmu bakal padha metu ing dalan pitu.
8. Sang Yehuwah bakal ndhawuhake berkah tumrap ing lumbungmu lan tumrap samubarang kang koktandangi; kowe bakal kaberkahan ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.