Pangandharing Toret 27:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Dene samangsa kowe wus padha nyabrang bengawan Yarden, watu kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku banjur padha adegna ana ing gunung Ebal lan padha laburen.

5. Karomaneh kowe gawea misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing kono, misbyah watu, panggarape aja nganggo piranti wesi.

6. Misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kagawea saka watu kang ora katatah, lan anggonen nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

7. Kowe iya nyaosna kurban kaslametan, sarta panganen ana ing kono lan bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

8. Sabanjure watu-watu mau padha tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, tulisane kang cetha lan terang.”

9. Nabi Musa lan para imam bani Lewi uga banjur ndhawuhi marang wong Israel kabeh, mangkene: “Menenga lan ngrungokna, he wong Israel. Ing dina iki kowe wus dadi umate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;

10. mulane kowe padha ngestokna marang pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nglakonana pepakene lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”

11. Ing dina iku Nabi Musa dhawuh marang bangsa iku, pangandikane:

Pangandharing Toret 27