2. Lan samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden lumebu ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, nuli kowe ngadegna watu kang gedhe-gedhe sarta laburen,
3. iku banjur tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, yaiku samangsa kowe wus nyabrang lumebu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, kaya kang wus kajanjekake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe.
4. Dene samangsa kowe wus padha nyabrang bengawan Yarden, watu kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku banjur padha adegna ana ing gunung Ebal lan padha laburen.
5. Karomaneh kowe gawea misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing kono, misbyah watu, panggarape aja nganggo piranti wesi.
6. Misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kagawea saka watu kang ora katatah, lan anggonen nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.