Pangandharing Toret 27:15-20 Kitab Sutji (JAV)

15. Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

16. Kenaa ing laknat wong kang ngremahake marang bapa biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

17. Kenaa ing laknat wong kang ngelih pathok watesing lemahe pepadhane. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

18. Kenaa ing laknat wong kang nasarake wong wuta ana ing dalan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

19. Kenaa ing laknat wong kang nyahak wewenang wong ngamanca, bocah lola lan randha. Wong sabangsa kabeh padha sumaura bareng: Amin!

20. Kenaa ing laknat wong kang awor turu karo somahe bapakne, marga ngungkapi jarite bapakne. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

Pangandharing Toret 27