8. Sang Yehuwah tumunten ngentasaken kawula saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa saha klayan lengen ingkang kaulukaken, punapadene srana kasekten ingkang nggegirisi sarta srana pratandha-pratandha tuwin mukjijat-mukjijat.
9. Lajeng kawula dipun bekta mriki, sami kaparingan nagari punika, nagari ingkang luber puwan lan madu.
10. Milanipun ing samangke kawula nyaosaken wiwitaning pamedalipun siti peparing Paduka dhateng kawula punika, dhuh Yehuwah.Sawuse mangkono sesaosanmu mau selehna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan kowe banjur sujuda ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.