Pangandharing Toret 26:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Nalika tiyang Mesir nganiaya lan nindhes dhateng kawula sadaya, kawula dipun etrapi padaleman ingkang awrat,

7. ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula, Pangeran Yehuwah inggih lajeng nyembadani ing pasambat kawula, tuwin mirsani ing kasangsaran lan rekaos kawula saha anggen kawula sami katindhes.

8. Sang Yehuwah tumunten ngentasaken kawula saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa saha klayan lengen ingkang kaulukaken, punapadene srana kasekten ingkang nggegirisi sarta srana pratandha-pratandha tuwin mukjijat-mukjijat.

9. Lajeng kawula dipun bekta mriki, sami kaparingan nagari punika, nagari ingkang luber puwan lan madu.

Pangandharing Toret 26