Pangandharing Toret 25:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Ing kono para tuwa-tuwane kutha ngundanga ipe kang mbangkang mau sarta dipituturana; dene saupama meksa emoh sarta matur: Kula boten remen mendhet semah tiyang punika,

9. banjur dicedhakana dening tilas bojone sadulure iku ana ing ngarepane para tuwa-tuwa, dicopota trumpahe lan raine diidonana karo ngucapa: Kaya mangkene iki kang mesthi katandukake marang wong kang ora gelem nuwuhake turun marang sadulure.

10. Sarta turune wong iku ana ing Israel bakal kasebut: turune wong kang trumpahe dicopot ing wong.”

11. “Manawa ana wong lanang padha kerengan, mangka somahe kang siji banjur nyedhak arep mitulungi kang lanang saka tangane kang menthung, kalawan gumrageh nyekel kawirangane mungsuhe kang lanang,

12. wong wadon iku kethoken tangane, aja kokmesakake.”

13. “Ing kanthongmu aja ana watu timbangan rong warna, gedhe lan cilik.

14. Ing omahmu aja ana takeran efa rong warna, gedhe lan cilik.

15. Watu timbanganmu kudu kang wutuh lan cocog; lan takeranmu efa kudu kang wutuh lan cocog, supaya kowe didawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

16. Sing sapa duwe pokal kang mangkono iku, yaiku: saben wong kang nandukake cidra, iku jember tumrap ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

17. “Kowe elinga apa kang dadi panggawene wong Amalek marang kowe, ana ing dalan nalikane kowe metu saka ing tanah Mesir;

18. yaiku anggone mapagake kowe ana ing dalan, sarta nggecak panunggalanmu kang ringkih kang padha lumaku ana ing buri, mangka kowe lagi sayah lan lesu. Wong mau padha ora wedi marang Gusti Allah.

19. Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”

Pangandharing Toret 25