8. Diprayitna ing bab lelara saraat, dienggal tindakna sakehing piwulange para imam bani Lewi marang kowe; apa kang wus dakprentahake marang para imam, iku lakonana kanthi temen-temen.
9. Elinga apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Mbakyu Miryam ana ing dedalan nalika kowe mentas saka ing tanah Mesir.
10. Manawa kowe nyilihi apa-apa marang pepadhamu, anggonmu golek kang kanggo cekelan iku aja kalawan lumebu ing omahe.
11. Kowe ngentenana ana ing jaba bae, nuli wong kang koksilihi iku ngetokna barang cekelane ana ing ngarepmu.
12. Saupama iku wong miskin barang cekelane aja kokanggo turu;
13. ing wayah suruping srengenge barang cekelan mau balekna marang kang duwe, supaya iku turu kalawan kemulan jubahe dhewe, sarta andum berkah marang kowe. Patrap mangkono iku bakal kaetung dadi kabeneranmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
14. Kowe aja nindhes marang buruh dinan kang mlarat lan nandhang sangsara, dadia iku sadulurmu utawa bangsa liya kang ana ing nagaramu lan ing sajroning panggonanmu.
15. Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.