Pangandharing Toret 24:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Manawa ana wong kang mentas bae rabi, iku aja bareng karo wadya-bala melu nglurug perang, lan iya aja diwenehi sadhengaha pagawean, sajrone setaun dibebasna kanggo kaperluaning omahe, supaya ndadekna senenge kang wadon kang wus dadi bojone.”

6. “Aja nggadhe piranti panggilingan, dadia mung watune kang kanggo tindhih, awit tindak mangkono iku dadi nggadhe nyawane wong.

7. Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

8. Diprayitna ing bab lelara saraat, dienggal tindakna sakehing piwulange para imam bani Lewi marang kowe; apa kang wus dakprentahake marang para imam, iku lakonana kanthi temen-temen.

9. Elinga apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Mbakyu Miryam ana ing dedalan nalika kowe mentas saka ing tanah Mesir.

10. Manawa kowe nyilihi apa-apa marang pepadhamu, anggonmu golek kang kanggo cekelan iku aja kalawan lumebu ing omahe.

11. Kowe ngentenana ana ing jaba bae, nuli wong kang koksilihi iku ngetokna barang cekelane ana ing ngarepmu.

12. Saupama iku wong miskin barang cekelane aja kokanggo turu;

13. ing wayah suruping srengenge barang cekelan mau balekna marang kang duwe, supaya iku turu kalawan kemulan jubahe dhewe, sarta andum berkah marang kowe. Patrap mangkono iku bakal kaetung dadi kabeneranmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

14. Kowe aja nindhes marang buruh dinan kang mlarat lan nandhang sangsara, dadia iku sadulurmu utawa bangsa liya kang ana ing nagaramu lan ing sajroning panggonanmu.

Pangandharing Toret 24