8. Bocah kang lair saka wong-wong iku turune kang kaping telu kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.”
9. “Manawa kowe maju karo balamu nglurug perang nglawan mungsuhmu, kowe kudu njaga awakmu, nyingkirana samubarang kang nistha.
10. Manawa ing antaramu ana wong lanang kang najis marga saka sadhengah kedadean ing bengine, iku metua menyang sajabane pakemahan, aja nganti lumebu ing pakemahan;
11. bareng ngarepake sore adusa, sarta sasurupe srengenge klilan lumebu ing pakemahan.
12. Ing sajabane pakemahan anaa panggonan, perlu kanggo bebuwang.
13. Ing antarane pirantimu anaa cethoke kanggo gawe cluwekan samangsa kowe arep bebuwang, lan kanggo ngurugi sesukermu iku.
14. Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.”
15. “Batur tukon kang minggat saka ing bendarane ngungsi menyang ing panggonanmu, iku aja kokpasrahake bali marang bendarane,
16. kareben manggon amor kowe ana ing tengahmu, ing panggonan kang dipilih ana ing salah sawijining panggonanamu kang dikira becik; aja koktindhes.”
17. “Ing antarane para bocah wadon ing Israel aja ana kang dadi sundel-pangibadah; lan ing antarane wong lanang ing Israel aja ana kang dadi jindik-pangibadah.