Pangandharing Toret 23:24-25 Kitab Sutji (JAV)

24. “Manawa kowe liwat ing pakebonan anggur duweke pepadhamu kowe kena mangan wohe anggur sawaregmu, mung bae aja koklebokake ing wadhahmu.

25. Manawa kowe ngliwati pagandumane pepadhamu kang durung dieneni, kowe kena methik wewulene kalawan tanganmu, mung aja nganti namakake arit marang gandume pepadhamu iku.” edit 1: fajar 13.12.01

Pangandharing Toret 23