Pangandharing Toret 22:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. “Manawa kowe weruh sapi utawa wedhuse sadulurmu ketriwal, kowe aja ethok-ethok ora weruh, nanging mesthi kudu kokulihake menyang panggonane sadulurmu.

2. Dene manawa panggonane sadulurmu iku ora cedhak, utawa kowe ora sumurup sapa kang duwe, kewan iku nuli lebokna ing kandhangmu lan cikben ana ing kono, nganti digoleki dening sadulurmu, banjur kudu kokbalekake.

Pangandharing Toret 22