1. “Saupama ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu, ana wong mati marga dipateni ana ing ara-ara, tanpa kaweruhan sapa kang mateni,
2. ing kono para tuwa-tuwamu lan para hakimmu padha metua sarta ngukur dohe panggonaning pepati mau tekan ing kutha-kutha saubenge.
3. Kutha kang nyata cedhak dhewe karo panggonane pepati mau, para tuwa-tuwane kutha iku njupuka sapi wadon nom siji, kang durung tau dimagawekake, iya durung tau nggered kalawan dietrapi pasangan.
4. Sapi iku banjur digawaa dening para tuwa-tuwa mau menyang sawijining lebak kang tansah ana banyune, kang durung tau digarap utawa disebari; sapi nom mau tumuli ditugela cengele ana ing kono, ana ing lebak kono.
5. Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.
6. Sakehe para tuwa-tuwane kutha kang cedhak dhewe karo panggonane pepati iku tumuli padha wisuha tangane ing sadhuwure sapi kang katugel cengele ana ing lebak mau,
7. sarta padha nglairna katrangan mangkene: Sanes tangan kawula ingkang ngwutahaken rah punika, saha mripat kawula boten nyumerepi.