Pangandharing Toret 20:8-14 Kitab Sutji (JAV)

8. Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.

9. Sawuse para panggedhene prajurit rampung anggone mituturi marang wadya-balane, banjur miliha tetindhihing wadya-bala kang padha ngirid lakune para prajurit.

10. Samangsa kowe nyedhaki salah sawijining kutha arep koktempuh, ing sakawit kowe ngajaka bedhamen.

11. Samangsa kutha iku gelem nampani pangajakmu bedhamen lan kowe diwengani gapura, sakehe wong isine padha dadekna wong nyangga karya kanggo kaperluanmu, lan sabanjure padha ngawulaa marang kowe.

12. Nanging manawa kutha iku ora gelem bedhamen karo kowe, malah kowe dilawan perang, kuthane nuli kepungen;

13. lan sawuse Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, masrahake kutha iku marang tanganmu, banjur sakehe wong isine kang lanang padha patenana kalawan landheping pedhang;

14. mung kang wadon lan bocah-bocah; kewane sarta sabarang kang ana ing kutha iku, yaiku jarahane kabeh, iku kena kokepek dhewe, lan jarahan saka mungsuhmu kang wus diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kena kokpigunakake.

Pangandharing Toret 20