5. aja nempuh bangsa iku, awitdene sira ora bakal Sunparingi tanahe sathithik-thithika; marga Esap iku wus Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke.
6. Bab pangan sira padha tukua saka kono srana dhuwit, supaya sira padha mangan; lan sira iya tukua banyu saka ing kono srana dhuwit, supaya sira padha ngombe.
7. Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.
8. Sawuse iku kita mbacutake laku, ngliwati tlatahe sadulur kita Esap, kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, metu dalan saka Araba-Yordan, yaiku saka ing Elat lan ing Ezion-Geber.Sawuse iku kita padha menggok ing dalan kang anjog ing pasamunane tanah Moab.
9. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Sira aja nglawan marang Moab lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka ing nagarane kang banjur dadi darbekira, marga tanah Ar iku wus Sunparingake marang bani Lut dadi darbeke.
10. Maune tanah iku dienggoni dening bangsa Emim, iku bangsa kang gedhe lan akeh cacah-jiwane, sarta dedege dhuwur kaya bangsa Enak;
11. bangsa iku dikira bangsa Refaim kaya bangsa Enak mau, nanging wong Moab ngarani bangsa Emim.
12. Dhek biyen pagunungan Seir iku dienggoni dening bangsa Hori, nanging bani Esap wus ngejegi wilayahe, sarta bangsa iku ditumpes lan kasirnakake, bani Esap iku banjur padha ngenggoni tilas panggonane nggenteni wong-wong iku, padha kaya kang wus ditandukake dening wong Israel tumrap tanah-pusakane kang kaparingake dening Sang Yehuwah.
13. Mulane saiki sira padha mangkata, nyabranga ing kali Zered. Tumuli kita iya padha nyabrang ing kali Zered.
14. Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;
15. sarta astane Sang Yehuwah uga nglawan wong-wong mau, padha ditumpes lan kasirnakake saka ing pakemahan nganti entek kabeh.
16. Bareng bangsa iku para prajurite wus padha entek mati kabeh,
17. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:
18. Ing dina iki lakunira bakal ngliwati tapel-watese tanah Moab, yaiku Ing Ar;
19. sarta nyedhaki tlatahe wong bani Amon. Sira aja nglawan lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka nagarane bani Amon dadi darbekira, marga iku wus Sunparingake marang turune Lut dadi darbeke.
20. Tanah iku iya dikira nagarane bangsa Refaim; pancen maune bangsa Refaim kang ngenggoni, nanging wong Amon padha ngarani bangsa Zamzumim;
21. iku bangsa kang gedhe lan akeh cacahe, dedege kayadene bangsa Enak, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadekake tumpese bangsa mau ana ing ngarepe bangsa Amon, temah bangsa iki banjur padha ngendhih tanahe sarta nggenteni manggon ana ing kono;
22. kaya kang wus ditindakake dening Sang Yehuwah tumrap bani Esap kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, nalika Panjenengane numpes bangsa Hori, temah padha ngendhih tanahe sarta tumuli nggenteni manggon ana ing kono nganti saprene.